Candi Prambanan

Candi Prambanan

Kamis, 16 Juni 2011

dek jaman semono sliramu tansah hangreridu ati
sliramu sing banget tak tresnani
aku kepincut marang sliramu ,sliramu pancen mernaake ati ,
tak cedaki
tak ulati,
tak sawang kanti setiti
tak elus elus nganggo rosoning ati
ing panggayuh biso gawe tentrem ing atiku ,

sansoyo cedak san soyo dadi ati .
tak sawang tan ono kedeping netro
siang tangsah kelingan ,dalu datan biso nendro

wis dumugining mongso kolo
tak lamar ,tak tembung nganggo mas kawin
arerupo yotro pitung puluh pitu yuto

wis dadi anteping atiku
aku biso sesandingan ono sak jeroning kalbu,
mlaku reruntungan ,sinading kelangenan
ing pangajab biso dadi manunggaling ati antare sliramu karo atiku

wis akeh anggonmu leladi marang aku lan keluargoku
nganti biso gawe seneng marang bebrayan agung
sliramu tansah nuruti opo sing dadi panyuwunku
mulih marang dunungku ing tlatah SUKOHARJO SOLO,
bali marang dununge garwoku ing tlatah KEDIRI,
Ugo nate ngeterake putri putriku darmo wisoto

naging saiki sliramu ono ing pucuk ing margi
dadi duwek e wong Sulawesi
opo sliramu ora kangen marang aku
opo kiro kiro sliramu bakal bali
oh Tarunaku.........
Taruna ku ......
Taruna ,,,,

Jumat, 26 November 2010


TEMBANG JOWO

Urut-urutane tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkene urut-urutane tembang kaya kang tak aturake ing ngisor iki:

Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.

Mijil
ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.

Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.

Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline ) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.

Gambuh
saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang igayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan / keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Durma
Saka tembung darma / weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuhrasa kepengin darma / weweh marang sapadha - padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.

Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha - padha.

Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

Pocung / Pucung
Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

Kamis, 04 Februari 2010

mongso ketigo sawahku bero

"Ijo royo royo gemah ripah loh jinawi"
"urip kang sarwo tinadhur murah kang sarwo ti nuku "
"kewan kewan kobo sapi bebek menthog meri yen sore mulih nyang kandhange dewe dewe "
dog... dog... dog... dog... drodoggg..... dog ............
"wunggggg wuuuuuuung uuuuuuungggggg"Ki dhalang anggenipun suluk .
lha kok kadhos makaten kenyataanipun
padahang ndrandang ngenthang - negenthang
adhoh saiking sumber
larang kang sarwo tinuku
mboten wonten sato kewan ingkang sipun angon..
"paceklik"

pulang kampung


Assalamu'alaikum wr wb
Dumateng Penjenganipun Bpk ibu ,sarto poro mudho ingkang wonten ing pepayungipun Gusti Alloh,kanti lelembaran manah ingkang asrep lan bungah ,monggo kito tansah memuji syukur demateng ngersanipun gusti.
Bungahipun kulo datan pepindan,awit wonten salah satunggaling sarono kagem temu kangen utawi pepeling boso jawi ingkang sampun jarang ka gunakaken wonten ing bebrayan ageng khushus ipun warga ndusun PULO KELURAHAN BULU KABUPATEN SUKOHARJO ingkang padhos sandang pangan wonten ing perantauan.
Wasono mugi mugi sarono puniko sageto nambani kangen ipun poro sutreno ingkang bade nambani manah ingkang nembe kangen
Matur sebah nuwun
Akhirul kalam,billahi taufik wal hidayah
Wassalamu alaikum wr wb


Bekasi ,4 Pebruari 2010
Wong Pulo

Wagik Wagiman